23.23.00

1. Atur Pambuka

AJINING BANGSA
SAKA LUHURING BUDHAYA







Assalamualaikum warrahmatullahi wabarokatuh
Sakderengipun kula matur sumonggo panjenengan sedaya kula dhereaken puji syukur konjuk ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Agung dene punapa kula panjenegan sedaya tansah pinayungan kanugrahaning Pangeran, cinelakno ing suka rahayu tinebihna ing godha rencana.
Kula nuwun, para maos ingkang tansah sengsem lan ingkang tansah angudi mrih ngrembakaning Blogg kami sakmenika GEMBOS COMUNITY utaminipun para Dwija ing pawiyatan kalangan pelajar lan sederajatipun.
Kula satunggaling Dwija ingkang rumaos prihatin, awit budaya Jawi ingkang sampun kasarira ing sanobarinipun para Dwija, sampun awis-awis di budayaaken ing salebeting pawiyatan para pelajar awit kadhesek budaya lintunipun.
Kula kumawantun ngimpun budaya-budaya Jawi punika, sengaja kangge ngrembakaken budaya Jawi ingkang Adi Luhung supados mboten kadhesek budaya lintunipun, ing Lingkungan Pendidikan.
Deneng sumberipun saking buku-buku Jawi ingkang sampun lami.
Rakitan punika taksih kathah kuciwanipun babagan punapa kemawon, kangge anuju dhateng kasampurnan, panyaruwe saha panacat ingkang tansah kula antu-antu saking para sutrisna.
Panutuping atur, menawi wonten kirang renaning penggalih, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. Mangga sesarengan asesanti, jaya-jaya wijayanti Rahayu Widodo nir ing sambekala.
Wassalamualaikumwarrahmatullahiwabarokatuh


GEMBOS COMUNITY

BERWAWASAN ILMU PENGETAHUAN DAN TEKNOLOGI SERTA BERBUDAYA



1 komentar:

GEMBOSCOMMUNITY mengatakan...

sugeng rawuh dumateng poro sedulur

Posting Komentar

Tulis komentar anda di sini!! Thanks!!